Mbah Maridjan Selamat walau Merapi Meletus!



Share
Mbah Maridjan Selamat dalam bencana Gunung Merapi Meletus 26 Oktober 2010, dimana Mbah Maridjan bagaimana kondisi Mbah Maridjan sekarang yang rumahnya hancur lebir dilanda Wedhus gembel membuat banyak orang penasara, apakah Kuncen Gunung Merapi ini juga menjadi salah satu korban luka bakar atau tewas dalam bencana Gunung Merapi Meletus.

Kita ingatkan lagi saat beberapa waktu yang lalu Mbah Maridjan tidak mau turun walaupun Gunung Merapi sudah diprediksi meletus, menjawab pertanyaan kenapa banyak orang bingung dengan pilihan Kuncen Merapi ini untuk tetap tinggal di Puncak Gunung Merapi.

Nalika kabeh wong usreg lan kaweden marga anane pawarta saka Badan Meteorologi dan Geofisika, sing ngandharake menawa Gunung Merapi bakal njeblug; pamarintah paring pambiwara supaya wong-wong ing tlatah saerenging gunung padha mlayu ngungsi, nylametake dhiri. Kalebu Ngarsa Dalem Sri Sultan Hamengku Buwana X uga paring dhawuh.

Nanging kepriye sikep lan tanggapane Mbah Marijan? Piyambake ora mosik lan tetep mbegegeg emoh ngungsi. Malah nalika kahanane gunung Merapi dianggep banget mbebayani, Mbah Marijan malah munggah menyang pucuking gunung. Pungkasane, kasunyatan gunung ora njeblug kanthi mbebayani. Wong-wong padha gumun marang panemu lan sikepe mbah Marijan iki.

Ngapa Mbah Maridjan duwe panemu lan sikep sing kaya mangkene iki? Akeh wong padha mastani menawa Mbah Maridjan nduweni daya linuwih. Mbah Maridjan nduweni rasa “caket” karo “panguwasane” gunung. Kejaba iku, Mbah Maridjan wiwit cilik urip lan panguripane ana ing gunung. Nalare mesthi wae wis manjing ajur ajer karo kahananane gunung.

Mbah Maridjan kasil maca tandha-tandha alam pegunungan sing mbebayani lan sing ora mbebayani. Carane maca tandha-tandha alam ora mawa sekolah sing dhuwur, ora maca buku-buku anggitane para ahli winasis, nanging nganggo ilmu titen. Ngelmu titen iki disinau kanthi tumemen lan tekun ing sajrone laku urip. Kajaba iku pancen nduweni rasa lan pangrasa sing mirunggan tumrap alam saisine.

Biyen, mbokmenawa tumekaning saiki, janji ana kupu mlebu jeron omah utawa ana manuk prenjak ngoceh nggancer ana ing sakiwa tengene omah, mratandhani ora suwe maneh bakal ana tamu. Nalika ana manuk bence muni crat-cret ing sakiwa tengene omah ing wayah wengi, mratandhani ing sakiwa tengene omah ana durjana utawa maling.

Yen ketiban cecak kanthi ora sengaja, mratandhani ora bakal suwe ana raja pati saka sadulure sing ketibanan cecak mau. Iki minangka tuladha cak-cakane ngelmu titen kang tumekaning saiki isih diugemi dening saperangan wong, mligine ing tlatah padesan.

Jaman saiki apa bisa lumaku adhedhasar ngelmu titen, sawetara tandha-tandha alam kang bisa dienggo pathokan wis ora ana? Kanggone penulis ngelmu titen kudu didarbeni dening saben wong. Amarga kahanane wis beda karo biyen, mesthine saiki ya adhedhasar kahanan kang rinasa saiki. Tuladhane, embuh esuk, awan, sore lan bengi kok hawane tansah panas banget. Bakal arep ana apa? Kasunyatan alam kahanane wis rusak dening tangan-tangane manungsa dhewe. Wit-witan padha ditegori. Gunung lan gumuk padha digundhuli. Lemah subur dilebur didadekake pomahan mewah.

Ngelmu titen ora mung winates saka tandha-tandha alam kang dumadi, nanging bisa dimangerteni saka dhiri kita pribadhi. Tuladhane, menawa ana salah sawijining sedulur sing tumindak nganeh-anehi, upamane ngomong sing aneh-aneh, bisa dimangerteni ora suwe maneh bakal nemahi lelakon sing aneh uga. Yen ana wong lara nemen, ora ngarasakake kepenak turu, ora enak mangan.

E… sawijining wektu anggone mangan ndemenakake. Entek akeh. Malah sawernaning panganan katon enak dipangan. Ora mung iku wae, dheweke uga wis ora sambat kelaran. Iki bisa dititeni ora suwe maneh bakal tumekaning ajal. Wong mau aweh tandha kanthi nggawe seneng lan mareme wong liya sakdurunge ajal mungkasi. Kari awake dhewe duwe rasa kanggo maca tandha-tandha iki apa ora.


Sing saiki isih disetitekake yaiku tandha-tandha kang dumadi ing dhirine jabang bayi. Secara psikologis, kahanane bayi polos lan lugu. Bisane mung nangis lan nangis. Jejering ibu yen ora nduweni ngelmu titen kanggo ngopeni bayine, tangeh lamun ing tembe mburine dadi bocah sing gumbira uripe. Mesthine jejering ibu nduweni sesambungan rasa kang raket tumrap bayine, mula bisa ngecakake ngelmu titen kang pas. Janji nangise ngene mesthi luwe. Janji nangise rada memelas, mesthi lara lan sapanunggalane.

Ngelmu titen sejatine didarbeni saben manungsa, mung wae kethul landhepe beda-beda amarga gumantung pengolah rasa lan pangrasane pribadhine manungsa dhewe. Cara-carane ngolah rasa lan pangrasa marang alam lan sapadha-padha iku maneka warna. Ana kang mawa laku tapa brata, pasa, sesirik, donga, mulat sarira. Kanthi cara-cara kasebut dipercaya manungsa bakal bisa nata rasa lan pangrasane.
Mangga, kita sami nggegulang mring ngelmu titen iki wiwit saiki. Mulat dhiri kanan kering. Maca tandha-tandha kang katuduhake dening alam lan pepadha kita.
Mbah Maridjan Selamat, Tapi Dalam Kondisi Lemas

Akhirnya kondisi Mbah Maridjan kuncen Gunung Merapi bisa dipastikan. Dia selamat dari awan panas muntahan Gunung Merapi. Kini Mbah Maridjan masih berada di atas di lereng Merapi, dalam kondisi lemas.

"Mbah Maridjan selamat, tapi dalam kondisi lemas," kata anggota TNI, Kolonel (Laut) Pramono di lokasi pengungsian di Hargobinangun, Sleman, Senin (26/10/2010). Pramono merupakan salah satu personel tim evakuasi yang ikut menyisir rumah Mbah Maridjan sekitar pukul 22.00 WIB tadi.

Tim evakuasi akhirnya menemukan Mbah Maridjan dalam kondisi lemas dan memberikan pertolongan. Namun Mbah Maridjan masih belum mau dibawa turun ke bawah. "Sekarang masih di atas," tutup Pramono.

Pramono datang bersama tim evakuasi ke lokasi rumah Mbah Maridjan di Desa Kinahrejo. Jalan menuju rumah Mbah Maridjan mencekam, karena terbakar. Di sana masih ada titik api. Hawa juga terasa panas. Banyak pohon bertumbangan dan mayat bergelimpangan di dekat rumah Mbah Maridjan.

Saat tim naik ke atas, lokasi masih panas, api masih terlihat di beberapa sudut. Kondisi rumah Mbah Maridjan sendiri hancur terbakar.

2 Komentar:

KLIK UNTUK MENAMPILKAN SEMUA KOMENTAR


Fans Mbah Maridjan said...

Mbah Maridjan memang layak jadi tauladan. Lebih mementingkan keselamatan orang banyak dari pada diri sendiri. Semoga panjang umur dan sehat selalu hyang.. ingsun.

Anonymous said...

orang yang kurang bijak dan berpengetahuan sempit akan membuat orang-orang yang mencintainya ikut celaka dimana dirinya pun juga tak mampu lolos dari celaka...

Post a Comment

Silahkan Komentar Nye-Pam terpaksa saya Hapus.

Blogging Tip Blogs - Blog Catalog Blog Directory My Zimbio My Ping in TotalPing.com ping.sg - the community meta blog for singapore bloggers
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...